Lirik Lagu Niken Salindry – SOTYA 2 (Gandhewa Tresna)

Clarissa Anindya

0 Comment

Link

Kang ginawang ana netra
Amung sawiji wanudya
Kang rumeksa jroning nala
Pasuryane apindha sesotya

Mulat endahing sang dewi
Solah slaga datan nguciwani
Ngrabasa telenging ati
Sun sesanti mugiya tresnaku semi

Endah rumembyaking keswa
Nalika ndika nedheng ambeksa
Sedyaku bisa sesandingan
Kaya lintang lan rembulan

Lepase panah asmara
Kasurung gandhewa rasa
Tresnaku kamnggo sliramu
Wong ayu jejimating kalbu

Tags:

Share:

[addtoany]

Related Post

Leave a Comment