Lirik Lagu Arya Galih – Lestari Feat Shinta Arsinta

Clarissa Anindya

0 Comment

Link

Sang Dewi Katon Nglamlami
Ambabar Wewangi Semi
Arum Kembange Melathi
Dhasar Wulane Ndadari

Wong Bagus Setya Rumeksa Nala
Sasat Abyoring Kartika
Kadya Puspita Ing Nendra
Hanjangkepi Tresna

Rasa Tresna Kang Sejati Manggiha Lestari
Angidung Tembang Suci
Nyengsemi Sakjroning Sepi

Cahyamu Amadhangi Saratri
Dadya Kembange Ati

Angen-Angenku Lelana Tawang
Mideri Tanpa Wangenan

Lumaku Nembus Marang Kabagyan
Banget Manis Sinawang

Wong Ayu Setya Rumeksa Nala
Sasat Abyoring Kartika
Kadya Puspita Ing Nendra
Hanjangkepi Tresna

Rasa Tresna Kang Sejati Manggiha Lestari
Angidung Tembang Suci
Nyengsemi Sakjroning Sepi
Cahyamu Amadhangi Saratri
Dadya Kembange Ati

Angen-Angenku Lelana Tawang
Mideri Tanpa Wangenan
Lumaku Nembus Marang Kabagyan
Banget Manis Sinawang
Wong Manis Sing Tak Sayang

Tags:

Share:

[addtoany]

Related Post

Leave a Comment